Adat Istiadat Wong Jawa

ADAT ISTIADAT WONG JAWA

Mbiyèn, ning ngarepan omahé wong Jawa biasané ana genthong utawa padasan ing sisih pojokan kanggo wisuh nèk arep mlebu ngomah saka lelungan ngendi waé bèn sawan ndalan resik lan ilang. 

Mbiyen sakdurungé wong Jawa ngerti bakteri lan virus, saben omah wis nglakoni lelakonan ing ndhuwur kanggo njaga keslametané wong sak omah saka sawan² ndalan kanthi wisuh ning pojokan ngarep omah, resik² awak bèn sawané ilang, dipojokké bèn ilang karepé dhéwé ....

Saiki tradhisi kuwi kok lagèk mbok lakoni,  

sakwisé mbok unekné kuwi mitos,, kuwi musyrik lan kuna ... Wisuhmu ning njero jedhing, 'kamar mandi', ... ateges sawan-sawan ndalan mbok gawa mlebu ngomahmu..

Olehmu 'ngrendahké' lelakuné wong Jawa kang luhur saiki lagèk mbok lakoni, mbok uri-uri.

Mula ta mula, mbok dinalar lan ditakoni dhisik, kena apa lakon kuwi dilakoni, takokna ndhisik mring wong akèh, sawan kuwi apa, trus dinalar dijupuk apiké, 

Aja sakkepénakmu ndakwa kuwi syirik, musyrik, mitos kuna.

Nèk wis ngéné iki, kowé rak ya  ndilat idumu dhéwé jenengé. Sing mbok écé lan mbok 'rendahké' saiki mbok lakoni ....

#Nguriuribudayajawi

_____
@WA, 07042020

Posting Komentar

0 Komentar