Nasihat dari Si Mbah

Wong yen nerimo, uripe dowo
Wong yen sabar, rejekine jembar
Wong yen ngalah, uripe bakal berkah ...
Sopo sing jujur, uripe yo makmur
Sopo sing suloyo, uripe yo sangsoro.
Sopo sing sombong, amale bakal kobong.
Sopo sing telaten, bakal panen ...
Ojo podo ngresulo, mundak cepet tuwo,
Sing wis lungo, lalekno,
Sing durung teko, entenono,
Sing wis ono, syukurono ...
Sehat kuwi yen,
Mangan enak ...
Turu kepenak ...
Ngibadah jenak ...
Tonggo semanak ...
Keluarga cedhak ...
Bondo cemepak ...
Kubur ora sesak ...
Suwargo mbukak ...
Sedulur grapyak ...
Ono panganan ora cluthak ...
Ketemu konco ngguyu NGAKAK ...

_____
(surat elektronik | anonim)

Posting Komentar

0 Komentar