Kata Orang Jawa Hari Itu Ada 7


Dino iku ono 7 (pitu):
Maksudte PITU ugo bisa kanggo  PITUTUR, PITUDUH, PITULUNGAN, PITUNGKAS, monggo sareng-sareng disimak ... 👳

1. SENEN:
tegese ojo boSEN marang uNEN2 (unen² Wong WASIS LAN WICAK seng kang bisa kanggo tuntunan marang kauripan)

2. SELOSO:
SElakno ngamaLO marang SOpo² (pramila wong ngamal iku ora pilih², lan ora pandang wonge sopo)

3. REBO:
keREpo sinau ben ora BOdho (tengahing punjere pitung dino, sajatine mumpung isih urip ditlateni anggone luru ilmu, mergo berdoa iku penting, ojo sing penting berdoa)

4. KEMIS:
Luwih becik mingKEM tinimbang laMIS (piwarah ojo podho ngumbar omongan kelawan wong liyo. Luwih² ngrasani dursio marang dulur, konco lan tonggo)

5 JUMAT:
JUMbuhno lelakon karo kekarepan kanthi tulus ikhlas e niAT  (barokahipun yen nduwe niat/cita² kudu usaha ikhtiar dungo supoyo kekarepanne biso kaleksanan ing sakabeh e dilakoni kanthi paripurna)

6. SETU:
SeSErah diri nggo
Insaf marang barang sing wes keweTU (pitutur: sak bejo bejane wong ngedan, isih luwih bejo wong kang eling waspodo lan ajeg dungo kelawan Gusti).

7. MINGGU:
MINGGirno barang sing olo, lakonono barang sing rahayU (tumindak : sing apik ayo podho dilakoni sing olo podo dibuang di tinggal ne kanthi pangajab ngandelke mulyaning budi lan pakerti...

---------
Atur waseso syukur gathuk, nggo gedhekne ati lumuntur ing niat, pangucap lan tumindak ingkang lamgkung sae ...

Nuwun ....

_____
(surat elektronik | anonim)

Posting Komentar

0 Komentar